Hayuning Bebrayan

Oktober 24, 2008

Pitudúh : # 219
Síng såpå ngidham kaluhuran kudu wani kúrban lan ora wêgah ing kangèlan.
Mêrgå yèn tansah tidhå-tidhå, mokal åpå sing kagayúh bisa digånthå lan tangèh lamún åpå síng diluru bisa kêtêmu.
Makarti wani rêkåså kanthi masrahaké urip lan jiwå rågå marang Kang Múrbèng Kuwåså.
Yèn kêpingín mênang pancèn larang patukóné, yaiku kudu bisa nuhóni sêsanti: “Surå dirå jayaníngrat lêbúr déníng pangastuti”.

Pituduh : # 220
Isíh bêjå yèn kowé diunèkaké “Ora Lumrah Uwóng”, jalaran isíh dianggêp manungså.
Yå múng solah tingkahmu kang kudu kók owahi amríh ora gawé sêrikíng liyan.
Cilakané yèn diunèkaké “Ora Lumrah Manungså”, jalaran kowé dianggêp sétan gêntayangan síng múng dadi lêlêthêging jagad margå pakartimu kang ninggal sifat kamanungsan.
Mula énggal-énggala sumujudå marang Gusti Kang Múrbèng Dumadi.
Sifaté Gústi Allah mono sarwå wêlas asíh marang umaté kang wís sadhar marang doså-dosané sartå têmên-têmên bali tuhu marang dhawúh-dhawuhé.
Pitudúh : # 221
Ora ånå pênggawé luwíh déníng múlya kêjåbå dêdånå síng ugå atêgês mbiyantu nyampêti kêkuranganing kabutuhané liyan.
Dêdånå marang sapêpådhå iku atêgês ugå mitulungi awaké dhéwé nglêlantih marang råså lilå lêgåwå kang ugå atêgês angabêkti marang Pangéran Kang Måhå Wikan.
Pancèn pangabêkti mono wís aran pasrah, dadi kitå ora ngajab marang baliné sumbangsih kang kitå asúngaké.
Kabèh iku síng kagungan múng Pangéran Kang Måhå Kuwåså, kitå ora wênang ngajab wóhíng pangabêkti kanggo kitå dhéwé.
Nindakaké kabêcikan kanthi dêdånå kita pancèn wajíb, nanging ngundhúh wóhíng kautaman kitå ora wênang.
Pitudúh : # 222
Mêmitran pasêduluran nganti jêjodhowan kuwi yèn siji lan sijiné biså êmóng-kinêmóng, istingarah biså sêmpulúr bêcík. Yèn ånå padudón sêpisan pindho iku wis aran lumrah, bisa nambahi rakêtíng sêsambungan. Nangíng suwaliké yèn pådhå angèl ngênggóni sifat êmóng-kinêmóng mau gênah långkå langgêngé, malah bédaníng panêmu sithík baé biså marakaké dhahuru.
Pitudúh : # 223
Wóng kang ora naté nandhang prihatin ora bakal kasinungan råså pangråså kang njalari têkané råså trênyúh lan wêlas lahír batiné.
Wóng kang wís naté kêtaman ing prihatin luwíh biså ngrasakaké pênandhangé wóng liya. Mulå adhakané luwíh gêlêm awèh pitulungan marang kang kasusahan.
Pitudúh : # 224
Sarupaníng wêwadi sing ålå lan sing bêcík, yèn isíh kók gémból lan mbók kêkêt kanthi rêmít ing ati salawasé isih bakal têtêp dadi batúr.
Nangíng yèn wís mbók kétókaké sathithík baé bakal dadi bêndaramu.
Isíh lagi nyimpên wêwadiné dhéwé baé wís abót.
Åpå manèh yèn nganti pinracåyå nggêgêm wêwadiné liyan.
Mulå såkå iku åjå sók dhêmên kêpingín mêruhi wêwadiné liyan.
Síng wís cêthå múng bakal nambahi sanggan síng sêjatiné dudu wajíbmu mèlu opèn-opèn.
Pitudúh : # 225
Sók såpåå bakal nduwèni råså kúrmat marang wóng kang tansah katón bingar lan padhang polatané, nadyan tå wóng mau nêmbé baé nandhang susah utåwå nêmóni pêpalang ing panguripané.
Kósókbaliné, wóng kang tansah katón suntrút kêrêp nggrundêl lan grênêngan mêrgå ora katêkan sêdyané iku cêthå bakal kóncatan kêkuwataníng batín lan tênagané, tangèh lamún éntukå pitulungan, kêpårå malah dadi sêsirikaníng mitra karuhé.

Hayuning Budi Lan tekad

Oktober 24, 2008

Pitudúh : # 164
Yèn gêlêm nalusuri sêjatiné ora sêthithík piwulang lan pitutúr bêcík kang malah kitå tampå såkå wong-wong gawané nacad lan ora dhêmên marang kitå, katimbang mitrå katrúh rakêt kang tansah ngalêmbånå.
Awít panacad bisa nggugah kita nglêmpêngaké laku, déné pangalêmbånå kêpårå biså nyêbabaké wong kêrêp dadi lali.
Pitudúh : # 165
Manåwå kowé durúng mangêrtèni marang bab kang kok anggêp ora bêcík, åjå kêsusu ngatonaké råså sêngítmu, gêdhéné nganti maoni lan nglairaké panacad.
Awít kawruhana yèn pikirané manungså iku tansah mobah-mosík lan molak-malík.
Åpå kang kok kirå ålå lan kok gêthingi iku ing têmbé mburi biså malíh kok sênêngi, kêpårå malah biså dadi gantungané urípmu.
Pitudúh : # 166
Karêpé wong nyatúr alaníng liyan iku bêtèké múng arêp nudúhaké bêciké awaké dhéwé. Yèn síng diajak nyatúr wong kêmplo, pamríh síng kåyå mangkono mêsthi katêkané. Nangíng tumrapíng wong múrsíd : “Wong kang ngumbah rêrêgêd ing awaké sarånå migunakaké banyu pêcêrèn malah såyå nudúhaké blêntongé pambêgané”.
Pitudúh : # 167
Têmbúng kang prayoga kang kêlair múng margå kadêrêng déníng dayaníng håwå napsu iku pancèn sakålå iku biså awèh råså pêmarêm.
Nangíng sawisé iku bakal awèh råså gêtún lan panutúh marang dhiri pribadiné dhéwé kang satêmah tansah bisa ngrubédå marang katêntrêmaníng pikír lan ati.
Gunêman sêthithík nagíng mêmikír akèh iku kang tumrapé manungså bisa awèh katêntrêman lan kråså marêm kang gêdhé dhéwé.
Pitudúh : # 168
Siji-sijiníng dalan amríh kalêksananíng gêgayuhan, yåiku makarti kang sinartan kêpêrcayaan lan kêyakinan mênåwå åpå kang sinêdya mêsthi dadi.
Yèn kita múng kandhêg ing gagasan lan kukuhíng karêp baé, tanpå tumandang lan makaryå minangkå srånå panêbusé, wohé yå ora bédå kåyå déné ing pangimpèn. Cilakané manèh, yèn sêlaginé nganggít-anggít mau wís kasêlak ngrasakaké kanikmatané ing pangangên-angên, wusanané dadi lumúh ing gawé lan wêdi ing kakéwúh (wêdi kangèlan).
Pitudúh : # 169
Ora bédå karo rob lan surudíng sêgårå, kahanan uripíng manungså iku ugå ora biså uwal såkå bungah lan susah.
Kang pêrlu dicilêngi ing kéné yåiku åjå kasêlak kêbacút kêrêm kalimpút ing kabungahan lan åjå kasêlak gampang anglês yèn lagi kapinujon apês.
Awít kasusahan iku sok malah bisa ngêntas kitå såkå kaluputan lan kabodhowan, saugêr insyap marang dhiriné lan ora mupús, åpådéné tansah pêrcåyå marang Kang Kagungan Panguwaos.
Pitudúh : # 170
Mênangi jaman rêbutan råjåbrånå, akèh wong kang pådhå kalimpút, mèlu-mèlu tumindhak nisthå.
Ora élíng yèn sêjatiníng uríp ing donyå iku ora ngupåyå råjåbrånå baé, nangíng ugå mangèsthi kamúlyan ing têmbé.
Uríp ing satêngahíng godhå rêncånå, nangíng têtêp tumindak utåmå, prêsasat tåpå ing satêngahíng cobå. Såpå kang santosa ora bakal tumindak sasar.
Mula tansah ngugêmana sêbutíng pitutúr : “Sabêgjå-bêgjané kang lali nganti kèlu pênggawé sasar, isíh bêgjå kang panggah élíng lan waspådå têtêp ing panggawé utåmå”.
Pitudúh : # 171
Yèn sirå kasinungan ngèlmu kang marakaké akèh wong sênêng, åjå sirå malah rumångså pintêr, jalaran mênawa Gústi Allah mundhút bali ngèlmu kang marakaké sirå kalokå mau, sira banjúr kåyå wong séjé (owah), malah bisa “Aji godhong jati akíng”.

Memayu Hayuning Pribadi

Oktober 24, 2008

Pitudúh : # 105
Ing samubarang gawé åjå sók wani mêsthèkaké, awít akèh lêlakón kang akèh bangêt sambékalané síng ora biså dinuga tumibané.
Jêr kåyå uniné pêpèngêt, “Mênåwå manungså iku pancèn wajíb ihtiyar, nangíng pêpêsthèné dumunúng ing astané Pangéran Kang Måhå Wikan”.
Mulå ora samêsthiné yèn manungså iku nyumurupi bab-bab síng durúng kêlakón. Saupåmå nyumurupå, prayogå åjå diblakakaké wóng liyå, awít têmahané múng bakal murihaké bilahi.
Pitudúh : # 106
Sabar iku ingaran mustikaning laku, jumbúh karo uniné bêbasan : “Sabar iku kunciníng swargå”, atêgês marganíng kamulyan.
Sabar, liré mómót kuwat nandhang sakèhíng cobå lan pandadaraníng ngauríp, nangíng ora atêgês gampang pêpês kêntèkan pêngarêp-arêp.
Suwaliké malah kêbak pêngarêp-arêp lan kuwåwå nampani åpå baé kang gumêlar ing salumahé jagad iki.
Pitudúh : # 107
Kahanan donya iki ora langgêng, tansah owah gingsír.
Yèn sirå kêbênêran katunggónan båndhå lan kasinungan pangkat, åjå banjúr rumangsa “Såpå sirå såpå ingsún”, tansah ngêndêlaké panguwasané tumindak dêgsurå marang sapådhå-pådhå.
Élinga yèn båndhå iku gampang ilang (sírnå).
Pangkat sawayah-wayah bisa oncat.
Pitudúh : # 108
Saibå bêciké samangså wóng kang lagi kasinungan kabêgjan lan nampå kabungahan iku tansah élíng gêdhé ngucap syukúr marang Kang Pêparíng. Awít élinga yèn tumindak kåyå mangkono mau kêjåbå biså ngilangi watak jubriyå uga mlêtikaké råså rumångså yèn wóng dilairaké marang sapådhå-padhané titah, mbêngkas kasangsaran, munggahé ngrêkså hayuníng jagad.
Pitudúh : # 109
Åjå sók ngêndêl-êndêlaké samubarang kaluwihanmu, åpå manèh mamèraké kasugihan lan kapintêranmu.
Yèn anggónmu ngóngasaké dhiri mau múng winatês ing lathi tanpå búkti, dhóngé pakarti kåyå mangkono iku ngêngón awakmu dadi ora aji.
Luwíh prayogå turutên pralampitané tanduran pari.
Pari kang mêntês mêsthi tumêlúng, kang ndongak mracihnani yèn kóthóng tanpå isi.
Pitudúh : # 110
“Rumångså sarwå duwé” lan “Sarwå duwé rumångså”, iku yèn ditulís gênah múng diwolak-walík baé, nangíng surasané jêbúl kåyå bumi karo langit.
Síng kapisan nudúhaké watak ngêdír-êdíraké, wêngís satindak lakuné (polahé), yèn nggayúh pêpénginan ora maèlu laku dudu, samubarang pakarti nisthå ditrajang wani.
Déné síng kapindho pakartiné tansah kêbak wêlas asíh, wicaksånå ing sabên laku, rumångså doså samångså gawé kapitunané liyan.
Pitudúh : # 111
Nadyan wêsi iku kanyatané atós, éwa sêmono yèn wís kêtrajang ing taiyèng yå bakal êntèk gripís.
Sêmono ugå tumrapíng wóng kang kataman råså mèri, atiné mbåkå sêthithík ugå bakal gripís, awít rumangsa yèn awaké tansah apês, saénggå kélangan grêgêt lan lumúh makaryå.
Wusanané pêpês atiné kêntèkan pêngarêp-arêp.
Pitudúh : # 112
Yèn sirå sacårå badaniyah lan rohaniyah têtêp kêpingín bagas kuwarasan, tansah élingå róng prakårå iki :
1. Tansah jaganên sakèhíng samubarang kang nêdyå sirå lêbókaké ing
tutúk, dithinthíng luwíh dhisík åpå bakal gawé rusakíng rågå åpå ora.
2. Kulinaknå mikír luwih dhisík samubarang kang arêp sirå wêtókaké
såkå tutúk.
Liré pikirên luwíh dhisík klawan matêng åpå kang bakal sirå
wêtókaké iku ora malah gawé kucêmíng awakmu dhéwé, nglarani
atiníng liyan åpå ora.
Déné yèn ora ånå paédahé luwíh bêcík åjå kók kojah amríh ora
nandhang piduwúng.

Kadonyan

Oktober 24, 2008

Pitudúh : # 92
Båndhå kang rêsík iku båndhå kang såkå nyambút karyå lan såkå pamêtu séjéné kang ora ngrusakaké liyan.
Déné båndhå kang ora rêsík iku båndhå cólóngan utåwå såkå nêmu
duwèkíng liyan kang kawruhan síng duwé.
Pitudúh : # 93
Kadonyan kang ålå iku atêgês múng ngångså-ångså golèk båndhå donyå ora mikiraké kiwå têngêné, ugå ora mikiraké kahanan batín.
Pitudúh : # 94
Golèk båndhå iku samadyå baé, udinên katêntrêman njåbå njêro.
Pitudúh : # 95
Båndhå iku anané múng anèng donyå, mula yèn mati ora digåwå.
Pitudúh : # 96
Wóng golèk kêmakmuran iku ora kalêbu ngoyak kadonyan.
Pitudúh : # 97
Båndhå iku gawé múlyå lan ugå gawé cilåkå.
Gawé múlya lamún såkå barang kang bêcík, gawé cilåkå lamún såkå barang kang ålå.
Pitudúh : # 98
Wóng uríp åjå tansah kêpingín båndhå baé, jalaran kasugihan iku ing samångså-mångså biså gawé cilåkå.
Pitudúh : # 99
Síng såpå tansah ngêgúngaké pangkaté, wirang lamún ånå owahing jaman.
Síng såpå ngêgúngaké bandhané, wirang lamún sírnå bandhané.
Pitudúh : # 100
Dhèk jaman kunå pêrang iku rêbutan båndhå, nêgårå, lan mbóyóng putri. Nangíng jaman iku ilang barêng wís ngêrti mênåwå wanitå bóyóngan mau biså gawé ringkihíng nagårå.
Wêwalêr : # 101
Båndhå iku pêrlu nangíng åjå diumúk-umúkaké, drajad lan pangkat iku pêrlu, åjå dipamèr pamèraké, jalaran biså mlèsèdaké awaké dhéwé.
Wêwalêr : # 102
Åjå mélík darbèking liyan, margå rêbutan råjåbrånå lan wanita iku biså gawé congkrahíng pårå sujånå lan gawé nisthaníng ati.
Wêwalêr : # 103
Åjå sênêng mamèraké båndhå lan ngêgúngaké pangkat, sêbab båndhå biså lungå, drajad/pangkat bisa oncat.
Wêwalêr : # 104
Åjå sênêng marang wóng kang ngujå håwå napsu margå akèh bandhané. Jalaran båndhå mau bisa gawé cilåkå amargå durúng mêsthi båndhå kang rêsík.

Kekaluwargaan

Oktober 24, 2008

Pitudúh : # 77
Båpå biyúng iku minångkå lantaran uríp ing ngalam donyå.
Pitudúh : # 78
Síng såpå lali marang wóng tuwané prêsasat lali marang Pangérané, Ngabêktiyå marang wóng tuwå.
Pitudúh : # 79
Wóng tuwå kang ora ngudi kabêcikan sartå ora ngêrti marang udånagårå (trapsilå, unggah-ungguh) lan tåtå kråmå, kuwi sêjatiné dudu panutané putrå wayah.
Pitudúh : # 80
Såpå síng sênêng uríp têtanggan, kalêbu janmå linuwíh.
Tånggå iku pêrlu dicêdaki nanging åjå ditrêsnani.
Pitudúh : # 81
Paribasané tånggå iku pådhå karo båpå biyúng.
Pitudúh : # 82
Tånggå kang ora bêcík atiné åjå dicêdhaki nangíng åjå dimungsuhi.
Pitudúh : # 83
Sadumuk bathúk sanyari bumi ditóh pati.
(Unèn-unèn kanggo nggambaraké kasêtyané marang kulåwargå).
Pitudúh : # 84
Mikul dhuwúr mêndhêm jêro.
(Unèn-unèn kanggo nggambaraké bêktiné anak marang wóng tuwåné).
Pitudúh : # 85
Anak iku minångkå têrusané wóng tuwå, ora ånå katrêsnan kang ngluwihi katrêsnané wóng tuwå marang anak.
Pitudúh : # 86
Trêsnå marang mantu iku pådhå baé trêsnå marang putrå, jalaran putu iku wóhíng katrêsnané putrå lan mantu.
Pitudúh : # 87
Sayojånå iku dóhé sêpulúh èwu dhêpå.
Swårå kang krungu nganti sayojånå, arumíng jênêng ngambar-ambar salumahíng bumi (dialêmbånå).
Pitudúh : # 88
Gólèk jodho åjå múng mburu éndahíng warnå, sênajan ayu utåwå bagús.
Wêwalêr : # 89
Åjå ngaku wóng tuwå lamun wóng tuwamu katón sugíh lan dhuwúr drajadé, jalaran pangkat lan bandhané wóng tuwamu iku mau bisa sirnå sadurungé sirå warisi.
Wêwalêr : # 90
Åjå gampang nyêpatani anak nganggo têmbúng kang ora prayogå, jalaran sêpatané wóng tuwå bisa numusi sartå bisa ngilangaké råså bêktiné anak marang wóng tuwané.
Wêwalêr : # 91
Åjå mènèhi jênêng marang anak síng kurang pantês, jalaran jênêng síng disandhang anak bakalé kagåwå nganti dêlahan (akhérat).

Kebangsaan

Oktober 24, 2008

Pitudúh : # 61
Bångså iku minångkå sarånå kuwatíng nagårå, mula åjå nglírwakaké kabangsanirå pribadi supåyå antúk kanugrahan adêgíng bangsa kang “Andånå Waríh”
Pitudúh : # 62
Nêgårå iku ora gunå lamún ora duwé anggêr-anggêr minångkå pikukuhíng nêgårå kang adhêdhasar isi kalbuné mênungså salumahíng nêgårå kuwi.
Pitudúh : # 63
Kang bêcík iku lamún ngêrti anané sêsantiné ngabdi bêbrayan agúng : “Ing Ngarså Asúng Tulådhå, Ing Madyå Amangún Karså, Tút Wuri Handayani”.
Pitudúh : # 64
Nêgårå kita biså têntrêm lamún murah sandhang klawan pangan, margå pårå kawulå pådhå sênêng nyambút gawé, lan ånå panguwåså kang darbé watak “Bêr budi båwå laksånå”.
Pitudúh : # 65
Wadyåbålå pamóng pråjå kang sênêng marang kawulå alít iku dadi sênêngané pårå kawulå sajroníng pråjå lan bisa gawé kukúh sartå dadi tamèngíng nagårå.
Pitudúh : # 66
Pårå mudhå åjå ngungkúraké ngudi kawrúh kang nyåtå amríh biså kinaryå kuwatíng nagårå, unggulíng bångså, lan biså gawé rahayuníng sasåmå.
Pitudúh : # 67
Panguwåså pamóngé nêgårå iku kudu biså gawé têntrêm pårå kawulané, amargå yèn ora mangkono biså kadadéyan pårå kawulå ngrêbút panguwasaníng nêgårå.
Pitudúh : # 68
Nêgårå kuwat iku margå kawulané sênêng uripé lan disujudi déníng liyå nêgårå.
Pitudúh : # 69
Lamún sirå dadi wadyåbålå pamóngíng nagårå, åjå sirå dhêmên kuwåså dhéwé. Jalaran yèn sirå wís ora kasinungan panguwåså manèh, ing têmbé bakal ndadèkaké ora kajèníng awakirå ing têngahíng bêbrayan. Ngélingånå yèn sêjatiné isíh ånå wóng kang biså ngalahaké sirå ing babakan åpå baé.
Pitudúh : # 70
Déné síng mêngku nagårå ora darbé watak “Bêr budi båwå lêksånå”. Iku biså njalari wadyabålå kang dadi têtungguling prajurít nêgårå kuwi ora sujúd manèh lan biså ugå kêpingín ngrêbút panguwasaníng nêgårå.
Pitudúh : # 71
Yèn wóng bêcík kang kuwåså, kabèh kang ålå didandani lamún kênå, déné yèn ora kênå disingkíraké mundhak nulari (cuplak andhêng-andhêng).
Pitudúh : # 72
Pêrang iku bêcík lamún tujuwané nggayúh kamardikaníng nagårå lan bangsané, lan pêrang iku ålå lamún kanggo njarah rayah darbèkíng liyan.
Pitudúh : # 73
Wóng ålå yèn bisa kuwåså, kang ålå iku diarani bêcík. Kósókbaliné yèn wóng bêcík kang kuwasa, kang bêcík iku kang ditindakaké.
Pitudúh : # 74
Wajibíng warganíng nagårå iku kudu biså rumångså mèlu handarbèni, wajíb mèlu hanggóndhèli. Mulat sarirå hangråså wani.
Wêwalêr : # 75
Åjå sênêng yèn lagi darbé panguwåså, sêrík yèn lagi ora darbé panguwåså. jalaran kuwi-kuwi ånå bêbêndhuné dhéwé-dhéwé.
Wêwalêr : # 76
Åjå múng kêpingín mênangé dhéwé kang biså marèkaké crahíng nagårå lan bångså, kudu sênêng rêrêmbugan njågå katêntrêman lahír batín.

Laku Budi Utomo

Oktober 24, 2008

Pitudúh : # 38
Ålå lan bêcík iku dumunúng ånå awaké dhéwé, mélík nggéndhóng lali, ngundhúh wóhíng pakarti.
Pitudúh : # 39
Síng såpå lali marang kabêcikan liyan, iku kåyå kéwan.
Pitudúh : # 40
Ajiníng dhiri iku dumunúng ånå ing lathi lan budi.
Pitudúh : # 41
Yitnå yuwånå, lénå kênå.
Pitudúh : # 42
Ålå kêtårå, bêcík kêtitík.
Pitudúh : # 43
Klabang iku wisané ånå ing capité.
Kålåjêngkíng wisané múng ånå pucúk buntút (êntúp).
Yèn ulå mung dumunúng ånå untuné ulå kang duwé wiså.
Nangíng yèn durjånå wisané dumunúng ånå ing sakujúr badan.
Pitudúh : # 44
Rawé-rawé rantas, malang-malang putúng.
Pitudúh : # 45
Mumpúng ênóm ngudiyå laku utåmå.
Pitudúh : # 46
Síng prasåjå, pêrcåyå marang dhiri pribadi.
Pitudúh : # 47
Ngèlmu pari, såyå isi såyå tumungkúl.
Pitudúh : # 48
Wóng mati iku bandhané ora digåwå.
Pitudúh : # 49
Wóng iku kudu ngudi kabêcikan, jalaran kabêcikan iku sanguníng uríp.
Pitudúh : # 50
Wóng kang ora gêlêm ngudi kabêcikan iku prasasat sétan.
Pitudúh : # 51
Wóng linuwíh iku ambêg wêlasan lan sugíh pangapurå.
Pitudúh : # 52
Pêrang tumrap awaké dhéwé iku pambudidåyå murih bisa mèpèr håwå nêpsu.
Pitudúh : # 53
Ngèlmu iku kêlakóné kanthi laku, sênajan akèh ngèlmuné lamún ora ditangkaraké lan ora digunakaké, ngèlmu iku tanpå gunå.
Pitudúh : # 54
Turutên pituturé wóng tuwå.
Pitudúh : # 55
Wóng kang ora wêrúh tåtåkråmå udånagårå (unggah-ungguh), iku pådhå karo ora biså ngrasakaké råså nêm warnå (lêgi, kêcút, asín, pêdhês, sêpêt, lan pait).
Pitudúh : # 56
Wóng pintêr nangíng ålå tumindaké, sênêngé karo wóng ålå.
Pitudúh : # 57
Wóng linuwíh iku kudu biså ngêpèk ati lan ngêpénakaké atiné liyan. Yèn kumpúl karo mitrå kudu biså ngêtrapaké têmbúng kang manís kang pêdhês, sêpêt,bisa gawé sênêngíng ati. Yèn kumpúl pandhitå kudu biså ngómóngaké têmbúng kang bêcík. Yèn ånå sangarêpíng mungsúh kudu biså ngatónaké kuwåså pangaribåwå kaluwihané.
Wêwalêr : # 58
Åjå panastèn lan åjå sênêng gawé gêndrå, jalaran gawé gêndrå iku sipatíng dhêmít.
Wêwalêr : # 59
Åjå sênêng yèn dèn alêm, åjå sêngit yèn dèn cacad.
Wêwalêr : # 60
Åjå lali piwulang bêcík.

Kautamaning Bathin

Oktober 24, 2008

Pitudúh : # 14
Kahanan donyå iku ora langgêng, mulå åjå ngêgungaké kasugihan lan drajadira, awít samångså wolak-walikíng jaman ora kisinan.
Pitudúh : # 15
Kahanan kang ånå iki ora suwé mêsthi ngalami owah gingsír, mulå åjå lali marang sapådhå-padhaníng tumitah.
Pitudúh : # 16
Síng såpå sênêng ngrusak katêntrêmaníng liyan bakal dibêndhu déning Pangéran lan diwêlèhaké déning tumindaké dhéwé.
Pitudúh : # 17
Watakíng manungså iku kêpingín kuwåså, nangíng Pangéran iku bakal maríngaké panguwåså miturút kêrsané Pangéran pribadi.
Pitudúh : # 18
Janmå iku tan kênå kinåyå ngåpå, mulå sirå åjå sênêng ngaku lan rumangsa pintêr dhéwé.
Pitudúh : # 19
Ramé ing gawé sêpi ing pamrih, mêmayu hayuníng bawånå.
Pitudúh : # 20
Manungså sadêrmå nglakóni, kadyå wayang saupamané.
Pitudúh : # 21
Mulat sarirå, tansah élíng lan waspådå.
Pitudúh : # 22
Sabêgjå-bêgjané kang lali, luwih bêgjå kang élíng klawan waspådå.
Pitudúh : # 23
Síng såpå salah sèlèh, lan mélík nggéndhóng lali.
Pitudúh : # 24
Nglurúg tanpå bålå, sugíh ora nyimpên, sêkti tånpå maguru, lan mênang tanpå ngasóraké.
Pitudúh : # 25
Yèn sirå dibêciki liyan tulisên ing watu supåyå ora ilang lan tansah kèlingan, yèn sirå gawé kabêcikan marang liyan tulisên ing lêmah, supåyå énggal ilang lan ora kèlingan.
Pitudúh : # 26
Síng sênêng gawé nêlangsané liyan iku ing têmbé bakal kênå piwalês såkå panggawéné dhéwé.
Pitudúh : # 27
Lamún sirå múng sênêng dialêm baé, ing têmbé kêtêmu bab-bab kang kurang prayogå.
Pitudúh : # 28
Wani ngalah luhúr wêkasané.
Wêwalêr : # 29
Åjå sênêng gawé rusakíng liyan, jalaran sirå bakal kênå siku dhêndhaning Guru Sêjatinirå.
Wêwalêr : # 30
Åjå sira nyacad piyandêling liyan, jalaran durúng mêsthi yèn piyandêlirå iku síng bênêr dhéwé.
Wêwalêr : # 31
Åjå lali marang kêbêcikan liyan.
Wêwalêr : # 32
Åjå sirå dêgsurå, ngaku luwíh pintêr tinimbang séjéné.
Wêwalêr : # 33
Åjå rumangsa bênêr dhéwé, jalaran ing donya iki ora ånå síng bênêr dhéwé.
Wêwalêr : # 34
Åjå wêdi kangèlan, jalaran uríp anèng donyå iku pancèn angèl.
Wêwalêr : # 35
Åjå gawé sêrík atining liyan lan åjå golèk mungsúh.
Wêwalêr : # 36
Åjå sirå mulang gêthing marang liyan, jalaran iku bakal nandúr cêcongkrahan kang ora ånå uwis-uwisé.
Wêwalêr : # 37
Åjå ngumbar håwå napsu lan åjå mélík darbèkíng liyan, mundhak sêngsårå uripé.

Kapercayan/Katuhanan

Oktober 24, 2008

Pitudúh : # 1
Pangéran Kang Måhå Kuwåså (Gusti Allah, Tuhan) iku siji, angliputi ing ngêndi papan, langgêng, síng nganakaké jagad iki saisiné, dadi sêsêmbahan wóng saalam donyå kabèh, panêmbahan nganggo carané dhéwé-dhéwé.
Pitudúh : # 2
Pangéran Kang Måhå Kuwåså iku anglimput ånå ing ngêndi papan, anèng sira ugå ånå Pangéran (maksudé : tajaliné Kang Múrbèng Dumadi).
Pitudúh : # 3
Pangéran iki Måhå Kuwåså, pêpêsthèn såkå karsaning Pangéran ora ånå síng biså murúngaké.
Pitudúh : # 4
Pangéran iku nitahaké sirå lantaran båpå lan biyúngirå, mulå kudu sirå ngurmati marang båpå lan biyúngirå.
Pitudúh : # 5
Ing donyå iki ånå róng warnå síng diarani bêbênêr, yakuwi bênêr mungguhíng Pangéran lan bênêr såkå kang lagi kuwåså.
Pitudúh : # 6
Kêtêmu Gusti (Pangéran) iku lamún sira tansah élíng.
Pitudúh : # 7
Cåkrå manggilingan (uríp iku ibaraté rodhå kang tansah mubêng).
Pitudúh : # 8
Åjå sirå wani-wani ngaku Pangéran, sênadyan kawrúhira wís tumêka “Ngadêg Sarirå Tunggal” utåwå bisa mêngêrtèni “Manunggaling Kawulå Gusti”.
Pitudúh : # 9
Åjå ndisiki kêrså.
Wêwalêr : # 10
Åjå sirå wani marang wóng tuwanira, jalaran sirå bakal kênå bêndhu såkå Kang Múrbèng Dumadi.
Wêwalêr : # 11
Åjå múng kèlingan lan migatèkaké barang kang katón baé, sêbab kang katón gumêlar iki anané malah ora langgêng.
Wêwalêr : # 12
Åjå darbé pangirå yèn lêlêmbút iku mêsthi alané, jalaran síng apik iyå ånå, síng ålå iyå ånå, ora bédå karo manungså.
Wêwalêr : # 13
Åjå lali sabên ari (dinå) éling marang Pangéranira, jalaran sêjatiné sirå iku tansah katunggón Pangéranirå.

Pranoto Mongso

Oktober 24, 2008

Pranata Mangsa atau aturan waktu musim biasanya digunakan oleh para petani pedesaan, yang didasarkan pada naluri saja, dari leluhur yang sebetulnya belum tentu dimengerti asal-usul dan bagaimana uraian satu-satu kejadian di dalam setahun. Walau begitu bagi para petani tetap dipakai dan sebagai patokan untuk mengolah pertanian. Uraian mengenai Pranata Mangsa ini diambil dari sejarah para raja di Surakarta, yang tersimpan di musium Radya-Pustaka.

Menurut sejarah, sebetulnya baru dimulai tahun 1856, saat kerajaan Surakarta diperintah oleh Pakoeboewono VII, yang memberi patokan bagi para petani agar tidak rugi dalam bertani, tepatnya dimulai tanggal 22 Juni 1856, dengan urut-urutan :

  1. Kasa, mulai 22 Juni, berusia 41 hari. Para petani membakar dami yang tertinggal di sawah dan di masa ini dimulai menanam palawija, sejenis belalang masuk ke tanah, daun-daunan berjatuhan. Penampakannya/ibaratnya : lir sotya (dedaunan) murca saka ngembanan (kayu-kayuan).
  2. Karo, mulai 2 Agustus, berusia 23 hari. Palawija mulai tumbuh, pohon randu dan mangga, tanah mulai retak/berlubang. Penampakannya/ibaratnya : bantala (tanah) rengka (retak).
  3. Katiga, mulai 25 Agustus, berusia 24 hari. Musimnya/waktunya lahan tidak ditanami, sebab panas sekali, yang mana Palawija mulai di panen, berbagai jenis bambu tumbuh. Penampakannya/ibaratnya : suta (anak) manut ing Bapa (lanjaran).
  4. Kapat, mulai 19 September, berusia 25 hari. Sawah tidak ada (jarang) tanaman, sebab musim kemarau, para petani mulai menggarap sawah untuk ditanami padi gaga, pohon kapuk mulai berbuah, burung-burung kecil mulai bertelur. Penampakannya/ibaratnya : waspa kumembeng jroning kalbu (sumber).
  5. Kalima, mulai 14 Oktober, berusia 27 hari. Mulai ada hujan, selokan sawah diperbaiki dan membuat tempat mengalir air di pinggir sawah, mulai menyebar padi gaga, pohon asem mulai tumbuh daun muda, ulat-ulat mulai keluar. Penampakannya/ibaratnya : pancuran (hujan) emas sumawur (hujannya)ing jagad.
  6. Kanem, mulai 10 Nopember, berusia 43 hari. Para petani mulai menyebar bibit tanaman padi di pembenihan, banyak buah-buahan (durian, rambutan, manggis dan lain-lainnya), burung blibis mulai kelihatan di tempat-tempat berair. Penampakannya/ibaratnya : rasa mulya kasucian (sedang banyak-banyaknya buah-buahan).
  7. Kapitu, mulai 23 Desmber, usianya 43 hari. Benih padi mulai ditanam di sawah, banyak hujan, banyak sungai yang banjir. Penampakannya/ibaratnya : wisa kentar ing ing maruta (bisa larut dengan angin, itu masanya banyak penyakit).
  8. Kawolu, mulai 4 Pebruari, usianya 26 hari, atau 4 tahun sekali 27 hari. Padi mulai hijau, uret mulai banyak. Penampakannya/ibaratnya : anjrah jroning kayun (merata dalam keinginan, musimnya kucing kawin).
  9. Kasanga, mulai 1 Maret, usianya 25 hari. Padi mulai berkembang dan sebagian sudah berbuah, jangkrik mulai muncul, kucing mulai kawin, cenggeret mulai bersuara. Penampakannya/ibaratnya : wedaring wacara mulya ( binatang tanah dan pohon mulai bersuara).
  10. Kasepuluh, mulai 26 Maret, usianya 24 hari. Padi mulai menguning, mulai panen, banyak hewan hamil, burung-burung kecil mulai menetas telurnya. Penampakannya/ibaratnya : gedong minep jroning kalbu (masa hewan sedang hamil).
  11. Desta, mulai 19 April, berusia 23 hari. Seluruhnya memane n padi. Penampakannya/ibaratnya: sotya (anak burung) sinara wedi (disuapi makanan).
  12. Saya, mulai 12 Mei, berusia 41 hari. Para petani mulai menjemur padi dan memasukkan ke lumbung. Di sawah hanya tersisa dami. Penampakannya/ibaratnya : tirta (keringat) sah saking sasana (badan) (air pergi darisumbernya, masa ini musim dingin, jarang orang berkeringat, sebab sangat dingin).

Demikian uraian singkat tentang Pranata Mangsa, yang jika dikaitkan dengan kondisi saat ini, hal tersebut diatas tentunya harus dicocokkan secara ilmiah, kondisi alam, kemajuan teknologi, dan sebagainya.

Terlepas dari semua itu, adanya aturan sistematis tersebut menunjukkan kemajuan adat dan budaya serta kemampuan orang Jawa untuk menganalisa masalah global dan menafsirkannya dalam bentuk aturan baku. Pranoto mongso, masih dan akan tetap dipakai oleh orang Jawa dalam berbagai aspek kehidupan.


Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.